THOUSANDS OF FREE BLOGGER TEMPLATES

Sabtu, 14 November 2009

look at our world!




Astaghfirullahal adzim. . .

Selot sue selot akeh musibah. . .

Donya uis akher. . .

Sing numpak pesawat podo tibo, sing numpak kapal podo keselep

Sing numpak kereta podo ngguling, genti sing numpak bis utawa motor roda papat lan loro podo tabrakan. . .



Saben dina ana kebakaran, saben wayah udan uga ana kebanjiran. . .

Ora ngimpi opo opo, teko2 ana lindu(gempa bumi). . .

Omah sing mbiyene megah, ra ana apa apane meneh. . .

Sing podo due duit, yo ora mampu tuku nyawa,

Sing due jabatan uga ra ana bandinge karo sing ra duwe papan

Yen Allah uis ngendika, yen Allah uis mengene, bondho ra ana gunane meneh. . .

Pejabat, pengemis ra ana bandinge. . .

Yen Allah uis mengeni. . .

Kabeh bakal kelakon. . .

Saiki opo sing bakal awak dewe genggem ning ati??

Opo sing bakal awak dewe arepake yen wis tunibo pati??

Kabeh, sing keluwihan lan kekurangen, ra ana bedane. . .yen Allah uis nindakake. . .

Terus gawe opo meneh “duwur ati??”

Yen kabeh sing ning donya ra digawa mati???

Gawe opo meneh nyimpen luih luih yen ra digawa mulih??

Sedih aku nak ngene ki. . .

Bencana ra uis uis. . .

Ra ning kene ra ning kono podo nangis. . .

Kabeh ki ana paedahe. . .

Allah SWT ra bakal maringi ujian kelewat saka batase umate. . .

Sing urip ning donya pada donga dinungo. .

Mugo mugo ra ana meneh musibah musibah liyo. . .

Tentrem ra ana opo opo. . .

Amien ya robbal alamien. . .

0 komentar: